Cerkak Jawa "Nyaur Utang"


Nyaur Utang


            Ing wayah esuk Ratna lan Sarno isih males-malesan tandang gawe. Pak Supri lan Mak Nem wong tuwane Ratna, wis arep budhal menyang sawah lan masak kanggo sarapan. Anake Ratna sing isih kelas 2 SD jenenge Puspa wis nggawe seragam sekolah. Lan ngenteni wong tuwane sing isih males tandang gawe lan tengak-tenguk ing kamar, dene esuk ngene iki wayahe wong tandang gawe lan resik- resik. Sakwise sarapan Puspa diterne ibuke menyang sekolah ing desa liya. Penampilane Ratna nalika ngeterne anake menyang sekolah kaya pejabat Negara.
            Ing sawijining wektu, Ratna blanja menyang tokone mbak Nisa. Blanjane akeh bangetlan saloke ora penting kanggo kebutuhane keluargane.
“Mbak nis, iki blanjane tak gowo mulih disek, mengko awan yen aku wis muleh saka Bank banjur tak bayar.”, ujare Ratna karo nglebokne blanjane menyang tase
“Iya mbak, mengko awan ae gak papa. Blanjane gawanen muleh disek.” Wangsulane mbak nisa
Sakwise muleh mapak Puspa sekolah, Ratna ora mampir menyang Bank. Nanging malah mampir ing koperasi simpan pinjam golek silihan duwit. Banjur teko omah Ratna nyawang bojone sing tengak-tenguk ing ngarep omah karo ngrokok. Sarno bojone Ratna kuwi, siktas di PHK karo kantore. Nanging wis sakwulan kepungkur, Sarno nganggure lan ora gelem golek penggawean liyane.
Nalika anake njaluk dhuwit kanggo tuku buku sekolah, Ratna malah nyeneni anake amarga dheweke saiki ish during duwe dhuwit , padahal nalika awan mau siktas nyilih dhuwit menyang koperasi simpan pinjam. Akhire Puspa njaluk dhuwit menyang simbahe.
“Mbah, kula nyuwun arta damel tumbas buku, amargi ibu wau mboten gadah arta.” Panjaluke Puspa, karo masang wajah nelangsa
“Woalah , iya ndukbariki tak weki. Sik takjikukne dhuwite ing kamar.” Wangsulane simbahe lan mlaku menyang kamar njikukne dhuwit kanggo putune.
“Iki ndhuk, iki simbah mung iso nguweki 20 ewu.” Wangsulane simbah karo nguwekne dhuwit menyang putune
“Matursuwun nggeh mbah.” Ujare Puspa banjur ngrangkul simbahe
Ing dina sesuke, isih isuk Ratna wis digoleki mbak Nisa. Mbak Nisa nggoleki dheweke amarga arep nagih utang sing ugung dibayar kae. Nanging dheweke ora gelem nemoni mbak Nisa, amarga isih wedi urung iso nyaur utang nganti saiki. Akhire mbak Ratna takok menyang ngendi parane mbak Ratna marang mak Nem.
“Mak Nem, mbak Ratna menyang ngendi to ? Isuk-isuk kok wis ora ana ing omah.” Pitakone Nisa
“Alah paling isuk ngeneki isih ngeterne anake menyang sekolah”  kandhane mak Nem
Akhire mbak nisa cerita menyang mak Nem yen anake kuwi isih duwe utang belanja ing tokone. Banjur kuwi mak Nem ngomong menyang Nisa, yen mengko Ratna wis muleh bakal disampekne.
Nalika mak Nem lan mak Sri guneman, mak Nem cerita yan dheweke saiki bingung nduweni anak sing lumuh, ora gelem tandang gawe, lan senengane utang menyang ngendi-ngendi. Mak Nem isin menyang tangga-tanggane.
Ing awane nalika Ratna wis mulih, mak Nem langsung nyampekne pesene saka mbak Nisa.
“Nduk, isuk mau Nis moro rene. Omonge awakmu duwe utang blonjo, kuwi bener to nduk ??” pitakone mak Nem
“Iya mak, aku duwe utang 200 ewu gone mbak nisa” wangsulane Ratna
“Yowis saiki gek ndang dibayar, utawa yen awakmu isih during duwe dhuwit ndang dijelasno menyang mbak Nisa. Ojo nganti mbak Nisa nesoni awakmu, gara-gara ora gelem nyaur utang.” Kandhane mak Nem
Sakwise dikandhani kuwi, ana wong saka koperasi teko ing omahe arep njaluk setoran kanggo mbayar utang ing koperasi. Nanging Ratna isih during duwe dhuwit lan janji menyang pegawai koperasi arep disaur sakulan engkas.
Seminggu saka kedadean iku, Ratna awake kaya lara kabeh. Kakean mikir utange kuwi. Nalika bar bedug dheweke metu menyang njobo omah, lan sakbanjure kuwi dheweke semaput.
Karo bojone lan wonomah langsung digawa menyang klinik sing cedak saka omahe. Sakwise dipriksa, dhawuhe dokter, Ratna laara disebabne kekeselen lan kakean pikiran. Banjur diwenehi resep obat dokter. Ratna oleh digawa muleh lan dirawat ing omah.
            Nalika mak Sri ngendangi Ratna, dheweke pesen menyang Ratna supaya bisa teberi.
            “Rat, kowe iki wis duwe anak. Urip iki aja mung digawe seneng-seneng ing ndonya wae. Saiki awakmu lan bojomu kudu gelem nyambut gawe sing sregep kanggo kebutuhan rumah tanggamu lan  mbiayai anakmu sekolah.” Kandhane mak Sri
            “Enggeh mak Sri, nalika kula sampun sehat kula lan kang mas bakal golek penggawean kang halal.”  wangsulane Ratna
            Sakwise Ratna sehat, Ratna lan Sarno bakal golek penggawean ing pasar sing cedak karo omahe. Akhire Ratna kerja ing pasar ngewangi bakul budhene. Dene Sarno kerja ngewangi ponakane baul mie ayam. Banjur kuwi, Ratna lan Sarno maleh sregep nabung. Lan anke menang saka lomba maca geguritan tingkat kecamatan, Ratna lan Sarno tambah bungah lan tambah sregep nyambut gawe supaya dheweke iso nyekolahne anake nganti lulus kuliah. Saknalika kerja kuwi,  Ratna lan Sarno wis iso ngelunasi utange ing mbak  Nisa lan ing koperasi simpan pinjam .

Dening : Tika Apriliana Wati



Sumber gambar : https://www.pexels.com/id-id/foto/orang-yang-menulis-di-notebook-di-samping-macbook-1766604/ 




Komentar

Postingan Populer