Makalah Adat Siraman Penganten Jawa





Makalah Bahasa Jawa
“Upacara Siraman Penganten”



Disususun Oleh :
1.        Tika Apriliana Wati      (33)
2.        Luluk Kurnia Mufidati (21)
3.        Syahrul Taufiq Abidin (31)
4.        Erica Septiana

Kelas : XI-IPS 4

UPTD SMAN 1 WATES
 TAHUN PELAJARAN 2016/2017

PURWAKA

Assalamu’alaikum.Wr.Wb.
           Puji syukur  kula unjukkaken  kehadirat Allah SWT ingkang tansah paring pinten-pinten kenikmatan ingkang  arupi hidayah,inayah,kesehatan utamanipun tasih pinaringan hidayah iman lan islam,sehinggo kulo saget ndadosaken kewajiban ngawe makalah meniko kanthi sae mboten kirang satunggal punopo.
          Makalah kalih tema Siraman Pengantenan adat jawa puniko ngadahi katah keluwihan ajaran kangge tiyang-tiyang sedoyo.
         Kulo ngaturaken maturnuwun sanget kangge sedoyo tiyang ingkang melu myantu wonten ing penggawean utawinipun penyusunan makalah bahasa jawi puniko,temanipun Siraman penganten adat jawa ingkang sampun mbudidaya ing saklebething tiyang puniko.Kritik utawi nasehat ingkang sae kulo butuhaken kangge kesaenan lan kesempurnaan  makalah bahasa jawi puniko.
          Makaten mbok bilih ingkang saget kulo aturaken,mugi-mugi makalah puniko saget bermanfaat kangge tiyang katah.Kulo tansah nyuwun pangapunten pinutuping atur
Wassalammu’alaikum.Wr.Wb.



Kediri,23 September 2016


Wosing Seratan

      Irah-Irahan.................................................................................................................... i
Purwaka ...................................................................................................................... ii
Wosing Seratan........................................................................................................... iii
Bab I : Pendahuluan ................................................................................................... 1
1.1 Latar Belakang ..................................................................................................... 1
1.2 Paedah................................................................................................................... 1
1.3 Underaning Perkara .............................................................................................. 1
Bab II :Gegaran Teori.................................................................................................. 2
2.1 Pengertian Upacara Siraman Penganten ............................................................... 2
2.2 Ubarampe sing ana ing Upacara Siraman Penganten............................................ 3
2.3 Tata cara Upacara Siraman Penganten ................................................................. 6
Bab III : Penutup ........................................................................................................ 8



BAB I

1.1  Latar Belakang
Makalah menika dipun damel kagem nglengkapi tugas saking Bapak. Handi Margono, inggih menika adamel makalah babagan “Upacara Siraman Penganten ”.

1.2  Underaning Perkara
1.      Arti saka upacara Siraman ?
2.      Apa wae lan kepriye maksud saka ubarampe sing ana ing upacara adat Siraman?
3.      Jlentrehna tata carane upacara adat Siraman ?

1.3  Tujuan
Tujuan kula damel makalah menika inggih menika kalih, yaiku nglengkapi tugas lan ngudi kaweruh babagan tradhisi jawa utamanipun babagan “Upacara Siraman Penganten ”.



BAB II

2.1  Arti saka upacara siraman
Acara siraman iku sejati upacara perlambang kanggo ngresi'ake jiwa calon penganten. Upacara iki diselenggaraake sedina sedurung ijab kabul lan dilako'ake neng umah masing-masing calon manten, umume neng bagian umah sing radha terbuka kaya neng halaman mburi umah utawa neng taman ngarepan umah. Sing nyiram pertama biasane wong tua calon manten banjur sedulur liyane uga pemaes.Siraman iku salah sijining rangkeyan neng upacara pengantenan. Upacara iki nduwe makna perlambang yaiku kanggo ngresi'ake jiwa calon manten. Acara siraman iku né upacara perlambang kanggo ngresikaké jiwa calon pengantèn. Upacara iki diselenggaraake sedina sadurungé ijab kabul lan dilakokni ing omah calon mantèn, umume ing bagian omah sing rada kabuka kaya ning plataran mburi omah utawa ing taman ngarep omah. Sing nyiram pisanan biasané wong tuwa calon mantèn, banjur diterusaké déning para sedulur liyané, lan uga pemaès saéngga gunggung pitu.
     Upacara iki dilakoni antarane jam 10.00-15.00 , sedino sak urunge upacar panggih. Menurut mitos jawa, jam 11.00 para widadari muduk saka kahyangan  adus karo seneng-seneng. Dadi, supaya entuk  ayune lan senenge widadari , calon penganten kudu adus jam 11.00 awan. Nanging, uga enek calon penganten sing adus sekitare jam 15.00 . Hal iki dimaksudne gawe kepraktisan . Sakwise siraman, calon penganten langsung dipaes, iki uga  disebut upacara ngerik guna nyambut lan nyiapne upacara selanjute yaiku upacara midodareni





2.2  Ubarampe sing ana ing upacara siraman
1.      Banyu saka 7 sumber
Banyu sing asale saka pitu sumber nglambangake harapane urip supaya iso tulung pitulungan “ mitulungi pitulungan” . Banyu  ska sumber tua sing ora tau sat/ garing nglambangake uripe calon penganten supaya iso nguweki urip kaya banyu sing gaktau sat/garing. Banyu resik saka sumber digawe kanggo ngadusi calon manten supaya dadi murni/ suci lahir batin. Banyu iki digawe persiapan kanggo nyambut tekane widadari sing mudun saka kahyangan supaya maringi dungo restu lan manten sing arep nglangsungake nikahan supaya katon ayu.



2.      Kembang setaman (kembang kanggo siraman)
Kembang setaman yaiku jenis kembang sing urip ana ing taman kayata mawar,melati,kanthil,lan kenanga. Kembang-kembang iki ditaburake ana ing njero banyu sing arep di gawe supaya ambune banyu wangi. Kembang  kanthil uga nduweni makna eneke tansah kumanthil-kanthil, sing maknane kasih sayang kang njero tansah ora pedhot. Yaiku  kasih sayang marang kabeh makhluk, marang wong tuwane lan para leluhure. Kembang melati, utawa mlathi, makna  filosofis e yaiku kabeh wong sing nglakokne kebecikan kudu nglibatne  ati (sembah kalbu), ojo  dilakoni nggawe ragawi wae. Kenanga, kenang-en ing angga. Makna filosofise supaya keturunan selalu ngenang, kabeh “pusaka” warisan leluhur yaiku benda-benda seni, tradisi, kesenian, kebudayaan, filsafat, dan ilmu spiritual. Kembang mawar nglambangake  dumadine jalma menungsa nglewati cara  Triwikrama.




3.      Konyoh manca warna
Konyoh yaiku lulur/wedak teles sing di gawe saka tepung beras lan kencur uga bahan pewarna. Manca / panca (lima) warna (warna maksude lima macam warna). Dadi konyoh manca warna yaiku wedak lulur sing isine lima macem warna yaiku abang,kuning,ijo,biru lan putih. Konyoh iki nduweni fungsi kaya sabun sing kena kanggo ngalusne awak. Konyoh manca warna nglambangake kemanungalan warna cahaya (pamor) sarana pambukaning pamor supaya  kabeh unsur cahaya ngumpul lan hasilne cahaya pamor supaya calon penganten luwih ayu (wadon) lan ngganteng (lanang). Makna simbolike konyoh manca warna lulur bermakna supaya kabeh cahaya nyatu ing awake calon penganten supoyo  calon penganten katon wibawa lan apik kanggo disawang.


4.      Landha merang,santan kanil, banyu asem
Landha merang yaiku awu merang sing dikum ing njero banyu sing nduweni fungsi kaya shampo,santan kanil yaiku banyu peresan kelapa sing kentel sing nduweni fungsi kanggo ngirengne rambut lan banyu asam digunakake kanggo conditioner.

5.      Kelapa 2 sing wis tuwa
2 kelapa iki sepete ditaleni dadi siji lan dilebokake ing njero banyu sing wis diwenehi kembang setaman mau. Iki nglambangake calon penganten langgeng, terikat tali kasih lan tresna nganti mati  ; uga  nglambangake  loro  calon besan wis nyatokne tekad kanggo ngrabekne anak lanang-wadone. 


6.      Lemek kanggo lungguh
Lemek lungguh temanten yaiku:
·         1 kain jingga utawa warna abang tuwa
·         1 kain letrek warna kuning
·         1 kain motif pulo watu yaiku kain lurik tenun warna putih garis ireng
·         1 kain motif yuyu sekandang yaiku kain lurik tenun warna coklat garis warna kuning. Kain iki nduweni tujuan kanggo nerusne uripe generasi lewat pembangunan keluarga kang rukun lan damai.
·         4 macam kain motif bango tulak, yaiku kain sing tengahe warna putih lan pinggire warna tuwa yaiku biru tuwa,kuning,ijo,abang. Nglambangake persatukne rahsa (unsur) bapak lan rahsa ibu.
·         Dlingo bengle
Digunakake kanggo sarana penolak bala utawaa gangguan saka makhluk halus.
·         Godong-godongan saka godong kluwih,godong koro,godong apo-apo,lan godong awar-awar,godong turi,godong dhadhap srep,alang-alang,lan duri kemarung.
Godong-godongan nduweni makna yaiku penganten diharepne iso urip kaya wit iso dadi ngayomi lingkungan lan supaya kabeh iso lancar, slamet santosa lahir batin (ojo ana sekoro kalis alangan sak wiji apa).
·         1 mori lan kain
·         Klasa bangka,yaiku klasa ukuran kira-kira setengah meter persagi sing digawe saka pandan

7.      1 mori ukuran 2 meter
Kain putih polos iki didamel nalika pas uoacara siraman lan kain batik gawe lemek sadurunge nganggo mori

8.      1 kain motif grompol lan 1 kain motif nagasari
Kain motif grompol lan nagasari iki bisa diganti karo motif liyane sing nduweni makna apik kayata sidamukti,sidaasih,semen raja,semen rama,sida luhur

9.      Aroma 5 warna sing digunakake kanggos sabun lan anduk
Kanggo ngresiki lan garingne awak.

10.  Kendhi
Kendhi dipunisi toya ingkang resik dipunginak-aken kangge mungkasi upacara siraman pralambang pecah pamor. 



11.  Sajen siraman
Sajen iki nduweni makna kanggo penghormatan marang arwah leluhur sing wis mati lan njaluk berkat marang Tuhan supaya keluarga sing sik tas dibangun iso urip rukun, padha ngajeni, penuh rasa tresna , lan urip slamet.
·         Tumpeng robyong
Tumpeng robyong nduweni simbol keslametan, kesuburan, lan kesejahteraan. Tumpeng iki kaya Gunung nggambarake  kemakmuran sejati. Tumpeng Robyong digawe supaya  si pemohon mesti  diobyong-obyong/dikumpuli sanak saudara.


·         Tumpeng gundhul

·         Dahar asrep-asrepan
·         1 iris pisang raja lan sairis pisang pulut sing jumlahe genap
Gedang raja dipilih amarga raja yaiku wong sing nduwe kedudukan duwur lan luhur. Harapan,  pasangan penganten iki iso ngentokne kedudukan sing duwur.
·         Buah-buahan lengkap (pala gumantung,pala kependem digodok,lan pala kesampar)
·         Empluk-empluk diisi bumbu pawon lengkap
·         1 endhog pitik jawa
·         1 kambil sing wis di srumbat
·         Sak tangkep gula kelapa
·         Cublik padha karo sajen tarub
·         Kembang telon (kanthil,melati,kenanga)
Nglambangake sempurnane lan mulyane urip.
·         7 macam jenang-jenangan
·         Jadah jenang dodol,wajik,kacang sing isih ana kulite digodhok
·         1 pitik jago : pitik jago kanggo syarat sajen siraman lan dikerik sawise rampung diwenehake periase

Kanggo njaga kesehatan calon penganten supaya ora kademen, ditetepake ana 7 uwong sing ngedusi. Pitu neng kene dipadakake pitulungan.
Upacara siraman ditutup karo pamaes (juru rias) kanthi cara mecah kendhil saka lempung.

2.3. Tata cara upacara siraman
           
1) Adicara upacara siraman dipunwiwiti saking ngabekten dhateng tiyang sepuh.
2) Sasampunipun nindakaken adicara ngabekten, bakal penganten putri dipungandheng tumuju papan siraman.
3) Tiyang sepuh penganten putri ngracik tirta perwitasari kanthi nyuntak toya saking pitung sumber, nyebar kembang setaman, saha nyemplungaken kalih krambil ingkang sampun dipuntangsuli dados satunggal ngginakaken sepetipun wonten bokor ingkang sampun dipunisi toya.
4) Sasampunipun ngracik toya, tiyang sepuh bakal penganten putri nata lemek lenggah kangge putrinipun saking mori saha klasa bangka.

5) Tiyang sepuh bakal penganten putri lajeng mendhet saperangan toya saking bokor dipunsukakaken kendhaga saperlu dipunkintun dhateng bakal penganten kakung kangge siraman.
6) Upacara siraman saged dipunwiwiti saking bapak, ibu, lajeng pinisepuh.
7) Bapak bakal penganten putri ngasta kendhi saperlu kangge wudlu putrinipun.
8) Sakbibaripun menika kendhi dipunpecah dening ibu bakal penganten putri sinambi ngendika “ora mecah kendhi ananging mecah pamore bakal penganten putri”.
9) Dipunlajengaken potong rikma bakal penganten putri ingkang samangke badhe dipuntanem.
10) Ingkang pungkasan bakal penganten putri ngginakaken jarik grompol saha jarik nagasari, lajeng tumuju kamar penganten saperlu nyamektakaken kangge upacara midadareni.


Bab III Panutup

Upacara Siraman  penganten iku upacara sing penting lan isih akeh sing nglaksanakake. Akeh tahapan-tahapan lan pralambang-pralambang ing upacara iki. Amarga iku, kita wong jawa sing duweni tradhisi iki kudu mangerteni lan njaga supaya ora ilang kalindes majune zaman lan tradhisi barat sing ora luwih becik saka tradhisi jawa.

Semoga Bermanfaat Teman Teman 😊👍💙

Komentar

Postingan Populer